Sembah bekti kawula Dèwi Maria, kekasihing Allah.
Pangéran nunggil ing panjenengan dalem.
Sami-sami wanita Sang Dèwi pinuji piyambak,
saha pinuji ugi wohing salira Dalem, Sri Yesus.
Dèwi Maria, ibuning Allah,
Kawula tiyang dosa, sami nyuwun pangestu dalem,
Samangke tuwin mbéjing dumugining pejah.
Amin.
|